Lirik Lagu Sewu Kutho - Didi Kempot - Toko Lirik 21

Lirik Lagu Sewu Kutho - Didi Kempot






Sewo kuto uwis tak liwati
Sewu ati tak takoni
Nanging kabeh
Podo ra ngerteni
Lungamu neng endi
Pirang tahun aku nggoleki
Seprene durung biso nemoni

Wis tak cobo
Nglaliake jenengmu
Soko atiku
Sak tenane aku ora ngapusi
Isih tresno sliramu

Umpamane kowe uwis mulyo
Lilo aku lilo
Yo mung siji dadi panyuwunku
Aku pengin ketemu
Senajan sak kedeping moto
Kanggo tombo kangen jroning dodo

Wis tak cobo
Nglaliake jenengmu
Soko atiku
Sak tenane aku ora ngapusi
Isih tresno sliramu

Umpamane kowe uwis mulyo
Lilo aku lilo
Yo mung siji dadi panyuwunku
Aku pengin ketemu
Senajan wektumu mung sedhela
Tak nggo tombo kangen jroning dodo

Senajan sak kedeping moto
Tak nggo tombo kangen jroning dodo


Video :
https://www.youtube.com/watch?v=6xOpzBI0ZQw (Didi Kempot)