Lirik Lagu Cak Diqin - Cinto Dimato - Toko Lirik 21

Lirik Lagu Cak Diqin - Cinto Dimato

Cipt : Cak Diqin

*
Lk :
Opo garise urip kudu pisahan
Tresnaku lan tresnamu ra keturutan
Nyandhing temahing bojo ra kelaksanan
Opo garise urip kudu pisahan

Pr :
Ojo cilik atimu aku ngugemi
Sumpah prasetyo iki tulus lan suci
Senadyan aku pisah ra bakal lali
Ojo cilik atimu aku ngugemi

Lk :
Lungaku mung golek pakaryan
Kanggo sangu bebrayan
Ing ati iki sayang
Ora medot katresnan

Pr :
Dongaku ugo angenteni, Gusti paring rejeki
Ing njero ati iki, Kangen enggalo bali

Lk :
Nadyan aku ing monco, Ra megat tresno
Tresnaku mung sliramu, Ra bakal liyo

Pr :
Bebarengan nggondeli sumpah prasetyo
Mugo dadiyo jodho ing saklamiyo

reff :
kembali ke *

Duet :
Mugo dadiyo jodho ing saklamiyo

Video : https://www.youtube.com/watch?v=sGTroeTViME