Lirik Lagu Nagih Janji - Toko Lirik 21

Lirik Lagu Nagih Janji

Pr :
Kelingan rikolo urep bebarengan
Bungah susah kabeh ra dadi alangan
Senadyan sedino mung mangan sepisan
Ati seneng anggone urip bebrayan

Nanging sakiki urepmu uwes mulyo
Banjur lali rikolo jaman semono
Mangan enak turu penak kerjo penak
Njur lalai marang aku seng ngrumat anak

Tego tenan slirahmu marang awakku
Mbok tinggal lungo suwe opo dayaku
Sak iki tak tagih sing dadi janjimu
Lali aku ojo lali karo anakmu

Anakmu sakiki wes gedhe-gedhe
Pingin nyuwun pirso sopo to bapake
Udan tangis atiku tambah nelongso
Ning atiku yo soyo mbok sio-sio



 Lk :
Yo ngerti wes suwe anggonku lungo
Ngonku urip adu nasib ono kutho
Aku ninggal anak bojo lan wong tuo
Urep neng ndeso tangsah keloro-loro

Pancen sakiki uripku wes mukti
Nanging ojo mbok anggep aku wes lali
Jroning ati mung tansah ono slirahmu
Luwih-luwih dadi sumpah jroning atiku

Pancen wes dadi sumpah jroning atiku
Yen during biso keturutan karepku
Aku ra bakal lali mring wekasanmu
Mung tak jaluk sabar ngenteni tekaku

Yen anakmu takon sopo bapake
Kui kabeh ngono wes ono tengere
Kandan ono aku sek nyambut gawe
Nggo mulyake anakmu kelawan kowe

Duet :
Nggo mulyakke anakmu kelawan kowe

Video : https://youtu.be/ipHuRjGu2Bg