Lirik Lagu Keroncong Blitar - Toko Lirik 21

Lirik Lagu Keroncong Blitar

Blitar kutha cilik sing kawentar
Edi peni gunung Kelud sing ngayomi
Blitar jaman Jepang nate gempar
Peta brontak sing dipimpin Supriyadi

Blitar nyimpen awune sang Nata
Majapahit eneng candhi Penataran
Blitar nyimpen layone Bung Karno
Proklamator lan presiden kang kapisan

Ana crita jare patih Gajahmada
Ingkang bisa nyawijekke nuswantara
Lan uga Bung Karno kang kondhang kaloka
Eneng tlatah Blitar biyen cilik mula

Ora mokal Blitar dadi kembang lambe
Ora mokal akeh sing padha nyatakke
Yen ta geni ngurubake semangate
Yen ta banyu nukulake patriote

Video : https://youtu.be/bXfGS3g7-nE