Toko Lirik 21: Manthous
Showing posts with label Manthous. Show all posts
Showing posts with label Manthous. Show all posts
Lirik Lagu Mbah Dukun - Manthous

Lirik Lagu Mbah Dukun - Manthous



Permisi mbah kulo nuwun
Nopo ngriki daleme mbah mangun
Sing kondhang dados dukun
Tetombo mesti mantun
Gadhah putri namine atun

Kulo mriki mbah
Estu badhe pados jampi
Jampi wuyung sanes jampi wudun
Pripun mbah pripun
Mbah dukun ampun terus ngelamun

Keng putro atun mbah
Kados kulo nggih purun
Mesti enggal mantun

Permisi mbah, si mbah dukun
Trima kasih alias matur nuwun
Sakit kulo pun mantun
Diparingi atun
Sak niki kersane kepripun

Kulo niki mbah
Anake wong tani yutun
Sugih beras sugih pantun
Pripun mbah, pripun
Mbah dukun ampun terus ngelamun

Duh aduh aduh ampun mbah
Niki tumbasanipun
Andhuk kaleh sabun




 Video : https://www.youtube.com/watch?v=jJZcYpFGd3g
Lirik Lagu Pak Rebo - Manthous

Lirik Lagu Pak Rebo - Manthous



Pak rebo e pak e pak rebo
Pak rebo kok lahire dino kemis
Yen setu dodolan neng pasar senen
Seloso jumat mulih nang pasar minggu

Jo ngono dhik ojo ojo ngono
Jo ojo ngono, dadi wong ojo lamis
Neng ngarep mundhuk-mundhuk sajak sopan
Neng mburine jebul ngglethek ra karuan

Tuku piring dhuwite pas-pasan
Sing dho eling urip mung sepisan

Pak rebo e pak e pak rebo
Pak rebo kok lahire dino kemis
Yen setu dodolan neng pasar senen
Seloso jumat kondur nang pasar minggu

Rondo pindo, rondo rondo rondo pindho
Rondo pindo ojo sok ngaku gadis
Yen lanang wes nduwe putu ojo ngaku joko
Jan ndonyane edan ra uwis-uwis

Tuku piring mas, dhuwite pas-pasan
Sing dho eling urip mung sepisan

Pak rebo e pak e pak rebo
Pak rebo kok lahire dino kemis
Yen setu dodolan neng pasar senen
Seloso jumat mulih nang pasar minggu

Dhuwitmu cuthakan, omahmu ra ketung
Bandhamu ora bakal melu
Yen wis tekan tekan titi wancine
Kadonyan ora bakal onok tegese

Tuku piring mas, dhuwite pas-pasan
Sing dho eling mas urip mung sepisan


Video :  https://www.youtube.com/watch?v=Y0Ebz1HSIKM