Lirik Lagu Pak Rebo - Manthous - Toko Lirik 21

Lirik Lagu Pak Rebo - Manthous



Pak rebo e pak e pak rebo
Pak rebo kok lahire dino kemis
Yen setu dodolan neng pasar senen
Seloso jumat mulih nang pasar minggu

Jo ngono dhik ojo ojo ngono
Jo ojo ngono, dadi wong ojo lamis
Neng ngarep mundhuk-mundhuk sajak sopan
Neng mburine jebul ngglethek ra karuan

Tuku piring dhuwite pas-pasan
Sing dho eling urip mung sepisan

Pak rebo e pak e pak rebo
Pak rebo kok lahire dino kemis
Yen setu dodolan neng pasar senen
Seloso jumat kondur nang pasar minggu

Rondo pindo, rondo rondo rondo pindho
Rondo pindo ojo sok ngaku gadis
Yen lanang wes nduwe putu ojo ngaku joko
Jan ndonyane edan ra uwis-uwis

Tuku piring mas, dhuwite pas-pasan
Sing dho eling urip mung sepisan

Pak rebo e pak e pak rebo
Pak rebo kok lahire dino kemis
Yen setu dodolan neng pasar senen
Seloso jumat mulih nang pasar minggu

Dhuwitmu cuthakan, omahmu ra ketung
Bandhamu ora bakal melu
Yen wis tekan tekan titi wancine
Kadonyan ora bakal onok tegese

Tuku piring mas, dhuwite pas-pasan
Sing dho eling mas urip mung sepisan


Video :  https://www.youtube.com/watch?v=Y0Ebz1HSIKM